Juni 2009

30 Juni 2009 - Yemenia Penerbangan 626 dhawah wonten segantun. Pesawat punika mbekta 142 panumpang lan 11 awak. Sawetawis jenazah sampun dipunpanggihi. (Reuters via Yahoo!)

30 - Gedhung parkir 6 tingkat ambruk wonten ing Atlanta, Amérika Sarékat, ngrisakaken 35 mobil. Dipun kinten boten wonten kurban jiwa. (AP via Yahoo!)

29 - 300'an kucing saged dipunslametaken lan gagal dipundadosaken sup ing Cinten. (Detik.com)

Michael Jackson (1984)
Michael Jackson (1984)

25 - Michael Jackson, panyanyi pop légendaris, tilar donya wonten ing kitha Los Angeles, Amérika Sarékat amargi angsal serangan jantung. (CNN)

Para kepala nagara BRIC
Para kepala nagara BRIC

16 Juni 2009 - Nagara-nagara tumuwuh ingkang tuwuhipun ékonomi paling inggil ing donya, Brasil, Ruslan, India, lan Cina (BRIC) ngawontenaken Konferensi Tingkat Inggil ingkang sepindhahan ing Yekaterinburg, Ruslan. (Kompas)

12 - Satunggiling hèlikopter Puma gadhah TNI-AU dhawah ing Bogor saéngga niwasaken sekawan priyantun. (DetikNews)

12 - Tigang tim énggal dipunpesthèkaken ndhèrèk balapan Formula 1 mangsa taun 2010. Pambalap wau inggih punika Campos GP, Manor F1, lan Team US F1. (FIA.com)

10 - Kreteg Suramadu antawis Pulo Madura lan Pulo Jawi ingkang dados kreteg paling panjang ing Indonésia dipunkepyakaken. (Tempointeraktif)

4 - Uni Éropa milai Pilihan umum Raya kanggé milih anggota Parlemèn Éropa ingkang lumangsung ngantos 7 Juni 2009. (Der Spiegel International)


1 - Pesawat Air France Penerbangan 447, jinis Airbus A330-200 nomer seri F-GZCP ical kontak nalika mabur saking Rio de Janeiro dhumateng Paris. (detikNews)

1 - General Motors, prusahaan montor paling ageng nomer kalih ing donya ingkang dipunadegaken taun 1908, ngajokaken petisi kebangkrutan.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search